Kamis, 26 Mei 2011

contoh pranatacara

CONTOH ACARA PANGGIH

Temanten putri Mijil
Nuwun nun kulonuwun hambok bilih sampun wonten pratondho saking kluargo sarto sampun paripurna temamten putri hanggenya hangudi salira mulas wadono keparengo tematen putri bade humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing sak lebeting sasana pinajang wondene engkang hangemabni nun inggih penejenenganipun ibu……. Kijuru pangrenggut busana ingkang sampun kondang kaloko saking leladan……………
Ugi kasengkuyung kalian ki juru potto……………. Sarto sound system ……………… nuwun
Konjuk dumateng ibu……..hambok bilih sampun siaga ing gati samekgo ing diri nun kulo samangga’aken nuwum.
Mijiling sri atmojo temanten putri binarung kumandange ………………
Binarung swaraning pradonggo ana gondo hangambar arum katiuping samirana manda, kawistara temanten putri sampun mijil saking tepas wangi tepas inkang wardi papan wangi wis hangarani sing ateges mijil saking pantu busana nedya humarak sowan manjing sak lebeting sasana pinajang.
Membat madya lemeganing wareh mula ing wadana semana hanggilar-gilar kadya kencono binadar lumering salira sinebuk ebahing busana yen cinandra candraning koyo kilat asesirih handilat telenging bantolo.

Lha sintentho inkang sinoro hanawung krido wonten ing siang meniko satuhu nun inggih bp………
Lha menoko to wujudipun sri atmaja temanten putri nun inggih kusumaning ayu dewi…………..kusumaning ayu dewi……ingkang sampun kerenggo ing busana yen cinondro candraning kusumaning ayu dewi……… rambut hanyekar bakung lurus asli tanpo titekan

Kaget sang sintho rismi mungguhing sri atmojo temanten putri hangawuningani para tamu engkang sampun kebak hamblabar hangebeki sak jroning terop kadya handoyong doyongnya pacak suci miwah pendapi bale winangun

Wus prateng hungyan kang tinuju temanten putri kalenggahaken wonten ing sasana renenggo sinambi hangrantu lapsitaning adicara engkang sampun tinentu. Lan saget dipun pundut gambare rumiyin.

Acara Panggih
Kawistara temanten putri sampun lelenggahan hanggana laras wonten ing sasana adi inggih sasana renengga sing ateges lelenggahan piyambak.

Hambok bilih sampun handungkap wahyaning mangsakala dauping putra temanten
Milo konjuk dumateng temanten kakung hambok bilih sampun samego ing gati kawula aturi henggal jengkar saking sasana pelereman tumuju ing sasana pinanggih.

Jengkaring putra temanten kakung kaderek’aken kadang wandana bianarung kumandange kodok ngorek…………..

Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetebi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker wonten talatah ________________ nun inggih upacara panggih, adat mengku werdi tata cara, widi werdinipun Gusti, winengku werdi luhur wondene dana mengku werdi paweweh dados adat widi widana hamengku werdi tata cara paringipun Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih, pramila mboten mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang, hangancik ing alam madya, mastuti ila - ila ujaring kina ingkang cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, sarta mulat edi endahing budaya tulus.
Budaya ateges laku pangolahing budi, wondene titikanipun tiyang ingkang budaya punika
landhep panggraitane,
tanggap ing sasmita,
susila hanuraga,
punika ingkang saget hambabar pakarti budi luhur, ingkang nyata mengku werdi tansah hangesthi Hayu - Hayom - Hayem - Hangayomi gesanging bebrayan agung.
Saya caket tindakira temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala ingkang tumanem ing sanubari, nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, punapa ta wujud miwah werdinipun gantal, gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang tinemu rose, ingkang mengku werdi : Suruh lamun dinulu beda lumah lawan kurebe yen ginigit tunggal rasane, mengku pralampita dhumateng putra temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah karsane suruh asung pitedah sumurupa nganti weruh, bisoa nganti tekan raosing rasa inggih rasa sejati. Sanadyan ingkang sajuga jejer priya kang sawiji putri, lamun bisa manunggalake tekat lan rasane, pinesthi dadi jatu kramane.
Werdinipun priya saking tembung pari ingkang linangkung, hoya ateges kuwat utawi santosa, wondene tembung putri mengku werdi haywa supe ing pametrinira marang badanira priyangga. Tinangsulan lawe wenang werdinipun tinangsulan lan akrami kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.

MECAH ANTIGA
Kawistingal Temanten kakung Mecah antigo Punopo tho werdinipun mecah tigan pralambang bibit kawit wontening toyo suci ingkang wening dadosaken trisno engkang hangruboko . bilih wiwit wanci meniko risang temanten kekalih sampun pecah nalaripun.
Amrih..manggih..kamulyan.

Paripurna mecah tigan temanten kekalih hanyeketi toyo kautaman , katingal kambang kambang kumambang Tri puspowarna.
Kanthil, melati, mawar tegesipun khantil awit kumantileng katresnan temanten putri MELATI awit saking kedaling lathi temanten kakung wondene kembang MAWAR arum mangambar gandane donyo tekan delahan. SIGRO risang temanten putri hamasuh ampeyangipun ingkang garwo. Kanti tulus iklasing nolo bilih ari kalenggahan puniko ngantos akhir tembe tansah bekti mring kakung.minongko pratondo tan ana kang pantes angayomi, anuntun,hanganti keblating manembah kejawi sang binagus, satemah suci ilang salwiring sukerto kalis saking tulak sarik miwah sambikala.

Sinduran

Paripurna titilaksitaning upacara panggih putra temanten sekaliyan gya siningeban sindur dening ingkang rama, asung pralampita putra temanten tansah tinuntun ing reh kautaman anggenipun ngancik ing alam madya tansah pinaringan karaharjan miwah kabagaswarasan, hanjayeng bawana salaminya.Para rawuh saha para lenggah, wus handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sung sasmita panganthining temanten, gya kalenggahaken ing sasana wisudha tama hangrantu laksitaning tata upacara ingkang sampun tinentu

Badhe Rawuhipun Besan
Para rawuh saha para lenggah, sampun paripurna putra temanten anggennya netepi tatacara adat ingkang sinengker nun inggih upacara krobongan winastan kacar-kucur.
Pramila awit saking punika laksitaning upacara salajengipun nun inggih rawuhing kadang besan sutresna, dhumateng ingkang piniji minangka hanganthi rawuhing kadang besan nun inggih panjenenganipun Bp ___________ sekaliyan, jengkaring Bp ___________ sekaliyan binarung ungeling ladrang Tirta Kencana nuwun.

2.Sungkeman
Pinanganten kekalih sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

1.Rama ibu kang luhuring budi ,Ingkang hangukirjiwa lan raga Kang agung pangurbanane,Paring pituduh luhur,Rina wengi tansah hangesthi,Mrih rahayuning putra,Lulus kang ginayuh’Sadaya ribet rubeda,Linambaran kanthi sabaring penggalih,.Tuhu pantes sinembah.

2.Kadya sinendhal rasaning ati,Panyungkeme kang putra sajuga
Tumetes deres waspane,Tan kawawa jroning kalbu
Ngondhok-ondhok rasaning galih’Alon ngandikanira,Dhuh angger putraku,Sun tampa panyungkemira,Muga-muga antuk barkahing Hyang Widi
Nggonira jejodhohan.

3.Piwelingku aja nganti lali,Anggonira mbangun bale wisma,Runtut atut sakarone,Adohna tukar padu,Tansah eling sabarang ati,Kuwat nampa panandhang,Tan gampang amutung,Dadiya tepa tuladha,Uripira migunani mring sesami,Hayu - hayu pinanggya.
1.Romo ibu pepunden mami, keparengo kulo matur sowan Ngabekti, Sigro tumungkul hamitolu yayah ponceming bantolo wandaning penganten sarimbit, Cakeping asto sungkem padaning room lan ibu hanyadomg rumentahing pangastowo ,
Kawusono pengantin sarimbit sampun ka elus-elus. Pamidangiro kawiwir-wiwir manik ing manik, kang roso kebak trisnom asih,
Kanti bsisiking room lan ibu pengantin sarimbit Anjles kekes kadi ilang otot bayune, kembeng – kumembeng netrane, brijil mijil waspane cinondro koyo kutu rinene.

1.Timbang
Temanten kakung lenggah ing pangkon sisih tengen keng ramanipun temanten, dene temanten putri lenggah ing pangkon sisih kiwa. Wondene Ibunipun temanten lenggah ing sangajengipun temanten sarimbit. perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan

3.Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ana pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah. Temanten kakung nyuntak kampil ingkang sampun kacawisaken, isi arta receh/krincing mawi dipun tadhahi tilam lampus (klasa Bangka).
Pasemonipun : mujudaken cuwilaning gegambaran ingkang jejering guru laki puniko, kedah rumaos anggadhahi wajib masrahaken asil guna kayanipun dhumateng rabinipun (garwanipun), lan rabinipun kedah saged nyekapaken ing reh sadaya kabetahaning bale wisma.

4.Dahar Klimah
Temanten kakung putri sami ngasta piring isi sekul punar, inggih punika sekul ingkang warnanipun jene, lajeng dulang-dulangan.
Pasemonipun : mujudaken satunggaling kekudangan supados temanten kakung putri, tetepa setunggal raos ing lahir lan batos, jumbuh ing sadaya reh gegayuhipun.

Ngunjuk Degan
Pasemonipun : ugi mujudaken kekudangan mugi temanten enggala kaparingan momongan (putra). Dene rujak degan kaistha kadidene pepenget kagem temanten supados ing sugengipun lelumban wonten ing pasrawungan puniko mboten ngepang-ngepang, lan saged dados wadhahing kautaman ingkang pantes dados tuladhaning bebrayan.

Para rawuh adicora kacar kucur minongko pinutuping adicoro panggih miloa kawulo minongko pengendali wara kirang langkungipun nyuwun gunging samudra pagaksami nuwun.

Tuladha Rumpaka (Panyandra Temanten Kirab angka I)
Para lenggah, kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para ingkang piniji, jengkaring ki suba manggala sinarengan ..................., nun.
Wus dumugi unggyan ingkang tinuju, ki suba manggala gya asung dhumateng putra temanten sarimbit nulya jengkar saking sasana rinengga, jengkaring putra temanten pindhane sri narendra lagya cangkrama kaliyan ingkang garwa. (Lajeng mungel Ketawang Langen Gita Sri Narendra laras pelog pathet barang).
Binarung swaraning gangsa kang hambabar ketawang Langen Gita Sri Narendra katingal putra temanten jengkar saking sasana rinengga keparenging sedya marak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing ing panti busana arsa ngrucat busananing kanarendran badhe hangrasuk busana kasatriyan, sinten ta pinangka pangarsaning lampah inggih winastan suba manggala ingkang ateges suba punika sae, manggala punika dados pangarsa ingkang sae, pramila mboten mokal lamun ta kadang ___________ piniji pinangka pangarsaning lampah ingkang mengku werdi asung pralampita dhateng para putra temanten sekaliyan engeta dhumateng Gusti ingkang akarya loka, pramila jejering manggala suba namung setunggal, sinambunging lampah ki suba manggala lah punika ta warnane ingkang sinebut pratiwa manggala, talang pati inggih satrya kembar pinilih taruna kang bagus warnane kembar busanane mengku pralampita dhumateng putra temanten tansaha kembar pakartine, kembar cipta, rasa lan karsane, menggah werdinipun satriya pralampita mugi Sri atmaja temanten sageta hanglenggahi jejering satriya tama ingkang winengku tri prakawis:
- Ora golek seneng nanging kudu bisa gawe senenging liyan.
- Ora golek marem nanging kudu bisa gawe mareming liyan.
- Ora golek jeneng nanging kudu bisa njunjung asmaning liyan.
Inggih tiyang ingkang sampun saget nindakaken tri prakawis punika saget pikantuk sesebatan satriya tama ingkang abudi luhur, punika pangajabing putra temanten. Sinambunging wuri tindakira satriya kembar lah punika ta warnanira ingkang winastan patah sakembaran ingkang dumadi saking kenya alit - alit ingkang ayu - ayu warnane edi peni busanane, asung pralampita dhumateng putra temanten pinangka:
- P anuntun
- A mrih temanten sekaliyan
- T ansah bisoa
- A sih, asah, asuh ingkang sarta
- H ayu, hayom, hangayemi
Ingkang lumaksana sawingkingipun patah sakembaran lah punika ta pinangka punjering cinarita inggih sekaring pawiwahan, tindake putra temanten sekaliyan ingkang kinanthi panjenenganipun Ibu ___________ saha Ibu ___________ anggenya lumaksana tansah kekanthen asta bebasan renggang gula kumepyur pulut datan genggang sarema, sapecak mangu satindak kendel ing sedya amung meminta nugrahaning Gusti ingkang sarta nyuwun dhumateng para rawuh mugi anggennya netebi darmaning gesang ngancik ing alam madya ingkang linantaran hanambut sih sutresna susila hakrami tansah pinaringan rahayu nir hing sambekala, ingkang lumaksana salajur sisih jajar kalih sawingkingipun putra temanten nun inggih pethanipun putri dhomas, menawi wonten ing Ngayogyakarta winastan pager hayu, menawi wonten Surakarta winastan Dhomas, dho punika kalih, emas punika kawan atus, jangkep wolung atus mengku pralampita dhumateng putra temanten bisoa hanetebi hasta karya hasta brata karyaning bebrayan agung, wekdal punika putri ingkang pindha dhomas namung nenem ingkang ateges nemtokaken jumbuh ing raos sejati kang tumanduk dhurnateng putra temanten ingkang ginebeng nem prekawis inggih punika:
- Wahyaning raos hasmara nadha inggih sengseming pangucap.
- Wahyaning raos hasmara nala inggih sengseming manah.
- Wahyaning raos hasmara tura inggih sengseming sih.
- Wahyaning raos hasmara turida inggih sengseming kaprihatosan.
- Wahyaning raos hasmara tantra inggih sengseming turun.
Sawingkingipun putri kang pindha dhomas, para kadang wredha ingkang sami sarimbit kaliyan garwa esthining manah amung jurung puji hastuti puja hastawa mugi putra temanten anggenipun mangun bebrayan enggal tansah pinaringan karaharjan ing janaloka prapteng loka baka.Ingkang lumaksana sawingkingipun sri temanten sekaliyan ingkang rama saha ibu pinangka jejering pungkasaning lampah ingkang ing ngarsa asung tuladha ing madya mangun karsa ing wuri handayani rumaos bombong birawaning manah ingkang rama saha ibu ngawuningani putra temanten sekaliyan ingkang ginarubyug para kadang wandawa saha sineksen sanggyaning para rawuh, mugi anggenya netebi wajibing gesang lantaran nambut sih sutresna susilaning akrami tansah manggiha raharja mulya. Wus ndungkap unggyan ingkang tinuju sang suba manggala gya sung sasmita dhateng putra temanten nulya manjing ing sasana busana ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan. Para rawuh saha para lenggah makaten menggah anggen kula ngaturaken rumpaka wedharan kirabing putra temanten, pangalembana miwah panyaruwe kasumanggakaken dhumateng para rawuh saha para lenggah.
Pranatacara Badhe Kirab angka II (Kasatriyan)
Para rawuh saha para lenggah wonten ganda sumerbak arum katiyubing samirana manda, sung sasmitaa bilih putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna keparenging sedya humarak sowan malih wonten ngarsa panjenengan sadaya, kladuking atur winastan kirab kasatriyan, hambok bilih sampun samekta ing gati sawega ing dhiri kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji, kirabing putra temanten binarung ungeling ketawang Suba Kastawa, sumangga nun nuwun.

Tuladha Aturipun Pranatacara Sasampunipun Kirab angka II
Nun inggih para rawuh saha para lenggah, paripurna kirabing putra temanten sekaliyan winastan kirab kasatriyan, ingkang punika atur uninga bilih pawiwahan prasaja ing ri kalenggahan punika dereng paripurna, mugi nyebar ron kawis nyuwun sabar ingkang sawetawis. Jumbuh kaliyan wewangsoning para winasis ingkang sampun cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, bilih penggalih sabar punika tansah sinuyudan dening putra wayah, paripurnaning pahargyan ing mangke hambok bilih putra temanten sampun jengkar saking sasana wiwaha tama marak wonten sangajenging wiwara ngajeng pratandha cetha bilih pahargyan punika sampun paripurna, ingkang punika mugi wontena suka lilaning penggalih lelenggahan kanthi mirunggan sinambi mirsani atur panglipur saking panjenenganipun Bp __________ (ingkang mengku gati) arupi langen beksan __________ (ingkang katindakaken dening kadang











































Acara resepsi
Assalamu’alaikum. Wr. Wb
“Rinengga sagunging pakurmatan sinarkara purwaning memanis sinartan sih rahmating Gusti, Mugi karahayon sarta ketentreman tansah kajiwa, kasarira dumateng penjenengan sedoy dalasan kula

Nuwun kula nuwun
dumateng Sanggya pinisepuh miwah sesepuh ingkang anggung amestuti dumateng pepoyaning kautaman
Para pangemban pangembating praja dalah prawiraning negari ingkang anggung angegulang telenging cipta murih raharjaning bangsa tentreming swasana.
Sumawono sagung para tamu ingkang satuhu caket ing manah.

Murwakani atur sumongga kula dhereaken tansah angunjuaken puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring sih karahmatan soho kanugrahan rumentah dhumateng panjenengan sedoyo lan kula,katitik panjenengan sedoyo lan kula takseh pinarengaken makempal manunggal kanthi tansah winantu ing suka yuwono basuki.

Ingkang saklajengipun mugi tinebiha ing deduka kepora linuberna ing samudra pangatsami,dene kula kumawani lumarap atur satemah nggempil kamardikan,nyigeg anggen panjenengan sedoyo wawan pangandika sawetawis, nun inggih labet awrat mudhi dhawuh ingkang amengku gati, panjenengaipun Bp..........sekaliyan garwa,kinen ndereaken adicara dhaupipun Rr........dhaup kaliyan Bagus..........atmaja kakungipun Bp............ingkang lenggah dedalem ing...............

Namung sakderengipun, anglenggana bilih kula among jejering titah sawantah ingkang tebih saking kasampurnan,pramila tan jangkeping atur punapa dene trapsila ingkang nerak paugeraning tatakrama kula tansah cumadhong rumentahing sih samudra pangatsami.
Sanggya para rawuh ingkang tansah sinongsongan ing mekaring songsong agung karahayon. Wondene reronceneng adicara ingkang sampun katata saha karakit badhe anggrenggani wiwahan wanci punika,nenggih kadi ingkang badhe katur mekaten

Panutup
Sampun ndungkap purnaning upacara kalenggahan punika, pramila mbokbilih anggen kula ngayahi jejibahan punika kathah atur saha patrap ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih, karana budi dayaning manungsa ingkang saestu kirang sampurna kridhaning ati datan bisa mbedhah kuthaning pasthi, mawantu-wantu kula nyuwun lubering samodra pangaksama.
Sumangga upacara kalenggahan punika dipun pungkasi kanthi sesarengan muji syukur konjuk wonten ing Ngarsa Dalem Allah S WT, dene lampahing upacara punika saking purwa, madya, dumugi wasana saged kaleksanan kanthi wilujeng kalis saking rubeda tuwin sambekala.
Sumangga kula dherekaken:
Alhamdu lillaahi rabbil 'alamiin.
Ing wasana akhirul kalam, billahi taufiq wal hidayah. Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, mugi rahayuha sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng kawula lan panjenengan sadaya.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kawula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa X sekalihan [kawula kadhawuhan nglarapaken putra calon temanten kakung mugi katur panjenenganipun Bapa Y sekalihan garwa].

Panjenenganipun Bapa B ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Y sekalihan ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kawula wonten ngarsa panjenengan, ingkang sepisan: ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa X boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim Bapa X ingkang lumantar kawula mugi katura ing panjenenganipun. Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Tidak ada komentar: